Selasa, 31 Januari 2012

pesan kakung

ngger,, ing atase uripmu mung pas-pasan isih kober bebantu wong liya, iku kudu kok syukuri, yen syukur bakale mujur, yen ngresula bakale cilaka, lakonana urip iku satitahe anut kodrate, aja digelak mundhak rusak, aja disengka mundhak rekasa, kareben gumlindhing kaya iline banyu kali, wekasana mesthi bakal tekan segara

ngger,, wong urip iku kudu duwe gembolan, sapa temen bakale tinemu, sapa jujur bakale mujur, sapa nandur bakale ngunduh

ngger,, wong ngudi durung tentu kasil, kanggo nguatke pangudimu, atimu sikna

ngger,, tansah nyoba gembira ing dria, sumunar ing surga, yen wis ngana atimu dadi ayem, gampang bisa mesem

*mekarsari
sragen, 310112
Read more >>